Sesorah Basa Jawa Kanthi Tema Pendhidhikan

Share:


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Para sesepuh pinisepuh kakung miwah putri, para Bapak, Ibu, lan sedherek sedaya saha para rawuh ingkang satuhu kinurmatan.
Mangga kita sedaya tansah ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dhalem Gusti inkang Maha kuwaos ingkang sampun paring kawarasan lan karaharjan saengga kita sedaya bisa makempal ing mriki ing siyang punika.
Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, saben tanggal 2 Mei kita sedhaya mengeti Dinten Pendhidhikan Nasional. Pendhidhikan niku salah sawijining babagan inkang penting sanget dumateng kita sedaya. Tanpa pendhidhikan, mboten wonten manungsa ingkang pinter ing donya iki.
Para Bapak, Ibu, lan sedherek sedaya, kita kudu tansah memperjuangake pendhidhikan. Menawi, tanpa pendhidhikan, kita sedaya mboten saged napa-napa.
Perjuangan kangge pendhidhikan sampun wonten ing jaman rumiyen. Tokohipun yaiku Ki Hajar Dewantara saking Ngayogyakarta. Piyambakipun lair tanggal 2 Mei taun 1889. Ki Hajar Dewantara yaiku salah sawijining pahlawan nasional ingkang memperjuangaken pendhidhikan kangge bangsa Indonesia. Saking semboyanipun ingkang dipundhamel Ki Hajar Dewantara yaiku Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, lan Tut Wuri Handayani, pendhidhikan Indonesia saged majeng.
Mboten niku mawon, Ki Hajar Dewantara uga mrakarsai jumenengipun Pawiyatan Luhur Taman Siswa.
Ki Hajar Dewantara tilar donya ing Ngayogyakarta, tanggal 26 April 1959 kanthi yuswa 69 taun.
Pramila saking jasa-jasanipun Ki Hajar Dewantara ingkang kathah sanget kangge bangsa Indonesia, Pamarentah netepaken saben dinten ambal warsanipun Ki Hajar Dewantara utawi saben tanggal 2 Mei, dipengeti Dinten Pendhidhikan Nasional.
Para Bapak, Ibu, lan sedherek sedaya, mugi-mugi saking pengetan dinten pendhidhikan nasional punika, kita sedaya bisa tansah njaga lan memperjuangaken pendhidhikan ing nagari kita sedaya yaiku Indonesia.
Mekaten atur kula, menawi wonten kekirangan saha lepating atur, kula nyuwun lubering samodra pangaksami. Cekap semanten atur kula, awit saking kawigatosanipun, kula aturaken agunging panuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

No comments